PAWIYATAN - GEGURITAN



PAWIYATAN
Anggitanipun Mpu Dzikir Musafir

Aneng bangku kayu jati galih nangka
aku wiwit bisa maca aksara-aksara a-be-ce-dhe
uga a-lif-ba-ta lan ha-na-ca-ra-ka
aneng pawiyatan iki aku wiwit bisa mbadhe
maknane basa, tata-krama lan budaya

Aneng sekolahan iki aku meguru ngudi ilmu
bobote timbangan lan etungan angka-angka
wewadine manungsa lan alam arcapada



Buku-buku iku sejatine cendhelane donya
tanpa maca manungsa kadidene wuta
bapa-ibu guru iku pandoming langkah
kang nuntun siswa lan tansah aweh pitedah
aja nganti dina sesuk salah arah
tegal sawah, blumbang lan kembang tunjung biru
nancepake tresnaku mring lemah wutah-rahku

Aneng kene, aneng pawiyatan iki
aku sinau pralambange mangsi abang-biru
kanggo ngukir pangaki sajroning panguripanku

2013, Purworejo
(saka: kumpulan ‘Wisik Lembanyung’, 2012



/ materi lomba geguritan

Posting Komentar

0 Komentar