TEMBANG GERILYA



TEMBANG GERILYA
Anggitanipun WS. Rendra

Sira Ngumbara sangsaya adoh, kekasihku
Sira siram cahyaning surya
ing kene aku nyawang sliramu
nyengkelang senjata, kanthi gendera pusaka

Antarane wit-wit pisang padesan kang kebak lebu
Slendhang katun kokgubedake aneng sirahmu
Sira banjur njilma kaendahan
sawetara saka kadohan
bregada teng penjajah gemrudug sangsaya seru

Wengi lelangen cahyaning bagaskara
wernane semu ijo ngrungkebi palagan kebak mawa
Sajroning udan tembakan mortir, kekasihku,
sira dadi lembayung agung kang nrenyuhake kalbu


“Aku kentekan peluru
lan ludira muncrat sakeng jajaku”
Mula ing wektu mangkono iku
Sira nembangake lelagon perjuwangan
Bebarengan karo embah-embahku kang wis pralaya
Sajroning lelabuh mbela rakyat kang cintraka
                                                                                 
2 September 1977, Jakarta.
(geguritan jarwan mardika dening Soekoso DM saka puisi aserirah ‘Lagu
Seorang Gerilya’, kamot ing antologi Potret Pembangunan Dalam Puisi, 1980)


/ materi lomba geguritan






 






Posting Komentar

0 Komentar